News Update :
Home » » KISAH JOKO PURING DAN RADEN SOEDJONO

KISAH JOKO PURING DAN RADEN SOEDJONO

Penulis : Unknown on Selasa, 13 Agustus 2013 | 13.00

Pandan Kuning minangka salah sijine obyek wisata sing dikramatake dening masyarakat laut Petanahan. Pandan kuning saka tembung Pandan salah sijine wit-witan lan Kuning. Panggonan nyepi Pandan Kuning dijaga lan dirawat dening juru kunci kayata :

1. Mbah Kerti s.d 1947
2. Mbah Sanwiradi 1947 s.d 1965
3. Mbah Madrakis 1967 s.d 1975
4. Mbah Kramasentana 1975 s.d 1976
5. Mbah Sanwireja 1976 s.d 1993
6. Mbah Abdurrohman 1993 s.d sekarang

Raden Soedjono lan Dewi Sulastri minangka tokoh sing cukup legendaris babagan legenda Pandan Kuning. Legenda iki kawiwitan nalika Kerajaan Mataram pemerintahan Sutawijaya (1601). Nalika jaman pemerintahan Mataram kabagi dadi kabupaten-kabupaten kayata Kabupaten Pucang kembar, Bulu Pitu, Loano dll.
Bupati Citra Kusuma kang mbawahi Kabupaten Pucang kembar nduweni putra kang ayu rupane kang sesulih Dewi Sulastri. Bupati Pucang Kembar wis nyiapake calon garwa kanggo Dewi Sulastri, amarga pancen wis dadi padatan wektu semana yen jodho iku ditentokake wong tuwa, sanadyan tasih cilik. Joko Puring iku sing dadi pasangane Dewi Sulastri manggon ing Pucang kembar, lan deweke wis direngkuh kaya dene keluargane dhewe.
Kacarita ana ing sawijining dina ana nom-noman kang bagus rupane putrane Demang Wonokusumo saka Karang Gumelem, teka ing kono sak perlu arep suwito marang Bupati Citra Kusumo. Satekane Raden Soedjono agawe Bupati Citra Kusumo goreh atine, arep nampa pasuwitane Reden Soedjono apa ora. Ana ing kono Dewi Sulastri njaluk supaya kang rama nampa pasuwitane Raden Soedjono, ananging Joko Puring ora sarujuk amarga kebak rasa cubriya. Raden Soedjono bisa ketampa pasuwitane kuwi amarga karo syarat kang diajokake dening Joko Puring, bilih Raden Soedjono nyambut gawe minangka gamel (tukang golek suket) lan juru taman.
Ana ing wektu-wektu pasuwitane Raden Soedjono minangka gamel lan juru taman dheweke katarik marang latian keprajuritan, lan ana ing pungkasan dheweke mlebu dadi salah sijine prajurit. Ing sawijining dina Raden Soedjono ketemu karo Dewi Sulastri ana ing taman sari lan karo-karone padha ngandaraken katresnan. Adhi-adhine Dewi Sulastri kang sesulih Usmana lan Usmani mangerteni bab iku. Mila banjur ndadekake sulaya.
Rumangsa ora bisa ngalaheke Raden Soedjono, Usmana lan Usmani lunga wadul karo Joko Puring babagan Raden Soedjono lan Dewi Sulastri. Pasulayan Raden Soedjono karo Joko Puring ora bisa dipenggak maneh. Amarga krasa kalah Raden Soedjono mlayu saka pasulayan. Dheweke lunga marang Brangkal lan njaluk pangayoman marang Kyai Karyadi.
Jaka Puring ngoyak Raden Soedjono nganti tekan omahe Kyai Karyadi, nanging Raden Soedjono ora bisa ditemokake amarga umpetan ana ing lumbung pari. Amarga buronan ora bisa ditemokake, mila Joko Puring lan adhi-adhine padha bali tanpa kasil.
Sawise dirasa aman Kyai Karyadi ngundang Raden Sodjono lan nakokake apa sing sajatine kedaden. Raden Soedjono njlentrehake kabeh kedadeyan sing wis kadaden. Ana ing pungkasan dheweke njaluk pitedah kanggo ngepek bojo Dewi Sulastri supaya kaleksanan. Kyai Karyadi menehi pitedah supaya Raden Soedjono nyepi ana ing sangisore wit Lo kang ana ing desa Grenggeng.
Pungkasane Raden Soedjono tekan ana ing Grenggeng banjur nggoleki wit Lo kanggo nyepi. Kanthi persiapan lahir lan batin, uga kebak gegayuhan kaleksanan jiwa lan ragane. Kanthi tekad kang gedhe kanggo entuk Dewi Sulastri minangka bojo.
Wisiking angin rumesep ing kalbu Raden Soedjono. Kaprungu swara tanpo rupa, lan manahe bisa nampa swara kuwi.“Soedjono, sajatine kasenengan yaiku minangka kasil saka perjuangan. Yen kowe pengin entuk kasenengan kuwi, mila siapake awakmu kanggo nglakokake salah sijine dharma bekti marang wong kang wis nggedhekake kowe.”
Barang keprungu swara mau, Raden Soedjono banjur nyekar ana ing pesareane Panembahan Baribin. Ana ing semedine, Raden Soedjono entuk wisikan gaib supaya Raden Soedjono nerusaken nyepine ana ing kali Palemahan lan Kali Bantar sing ana ing tlatah Buayan murih bisa entuk Pusaka Gandik Kencana lan Bancet Kencana.
Pungkasane apa kang dilakokake Raden Soedjono kasil lan deweke bisa entuk pusaka Gandik Kencana lan Bancet Kencana kanggo ngalahake Joko Puring.
Kanthi sesingidan dheweke enggal-enggal menyang Pucang Kembar saperlu nemoni Dewi Sulastri, banjur nyritakake apa kang wis kadadeyan kanthi ngati-ngati. Sateruse Raden Soedjono prentah marang Dewi Sulastri, supaya Dewi Sulastri nyuwun marang kang rama kanggo nganakake giri patembaya.
Kaprungu panjaluke putra kang paling ditresnani mila Bupati Citro Kusumo ngumumake giri patembaya.
Sauntara ana ing wektu kuwi, Joko Puring njaluk supaya enggal-enggal didaupake karo Dewi Sulastri kang wis sawetara suwe dadi idham-idhaman ning atine. Kanggo nampik panjaluke Joko Puring, Dewi Sulastri nduweni panjaluk supaya karo-karone yaiku Raden Soedjono lan Joko Puring diedu.
Paprangan ora bisa dipenggak maneh. Kadigdayane Raden Soedjono nyata ana ing sangisore kadigdayane Joko Puring. Mangerteni menawa idhamaning ati bakal asor ing yuda, mila tanpa mikir dawa Dewi Sulastri langsung namakake pusaka Gendik Kencana, lan ora mleset ngenani awake Joko Puring. Joko puring kalah lan mlayu ninggalake arena uga ninggalake Pucang Kembar.
Amarga menang paprangan lan uga nduweni pusaka Gendik Kencana lan Bancet Kencana, Raden Soedjono bisa ngepek garwa Dewi Sulastri.
Sawise dhaupane Raden Soedjono karo Dewi Sulastri, adipati Citro Kusumo menehake kekuasaan marang Raden Soedjono. Dheweke nyingkir dadi Begawan kanthi sesulih Begawan Citro Kusumo. Ora sauntara suwe dheweke entuk layang saka mataram kang isine prentah kanggo numpas brandhalan ono ing Gunung Tidar. Ana ing tapane, Begawan Citro Kusuma entuk wangsit bilih kang bisa numpas brandhalan ora liya yaiku mantune dhewe kang sesulih Raden Soedjono. Kanthi rasa kang abot Begawan Citro Kusumo ngeculake Raden Soedjono.
Ora sawetara suwe Raden Soedjono tekan ing Gunung Tidar nalika wayah bengi. Ora nyangka yen Raden Soedjono bakal entuk lawan kang abot yaiku pimpinan garong ing Gunung Tidar. Paprangan gedhe kaleksanan, yaiku Raden Soedjono lan pimpinan garong Gunung Tidar. Ananging prayata yen kadigdayaan Raden Soedjono luwih dhuwur ketimbang brandal Gunung Tidar. Pimpinan garong Gunung Tidar kalah dening tangane Raden Soedjono.
Ing wengi kang peteng lelimengan Raden Soedjono tumungkul, dheweke migatekake rupane pimpinan garong Gunung Tidar. Rupa iku nyata banget cedhak ing ati lan pikirane, banget cedhak ing pangeling-eling. Pungkasane Raden Soedjono ora kuwawa mbendung rasaning ati. Pancen ora pantes yen sawijining priya nangis, nanging apa ya ana kang bisa mbendung atine yen sing mati mau kakang kandhunge dhewe kang sesulih Wirakusumo?
Prajurit lan pengawal Bupati Pucang Kembar ditata maneh amargo arep bali menyang Pucang Kembar. Wirakusumo dadi garong amargo iri karo adhi-adhine kang dadi Bupati Pucang Kembar lan Bupati Loano.
Bebarengan karo lungane Raden Soedjono menyang Gunung Tidar pawarta keprungu tekan Joko Puring. Ana ing njero ati Joko Puring tasih ana rasa tresna marang Dewi Sulastri. Bab iku kang nggawe Joko Puring golek wektu kanggo ngrebut rasa tresnane Dewi Sulastri maneh
Ana ing sisih liya, minangka temanten kang anyar, Dewi Sulastri krasa sepi amarga ditinggal dening wong kang ditresnani iku. Atine Dewi Sulastri nguntab-nguntab amarga kepengin cepet-cepet ketemu karo Raden Soedjono, mila dheweke gawe keputusan dhewe kanggo nyusul raden Soedjono ana ing Karang Gumelem. Apa kang dikarepake dening Dewi Sulastri dimangerterni dening Joko Puring. Mila saka kana Joko Puring nduweni maksud kanggo nguntit Dewi Sulastri. Ananging pranyata apa kang dikarepake dening Dewi Lestari ora katurutan. Raden Soedjono durung bali saka Gunung Tidar.
Ana ing satengahe lampahane Dewi Sulastri, dheweke dirayu dening Joko Puring kanthi basa kang nggrentesi manah supaya rasa kangen kang ana ing manah dewi Sulastri bisa kapadhu karo Joko Puring. Ananging Dewi Sulastri ora nyarujuki panjaluke Joko Puring, amargo kasetyan mujudake makuthaning wanodya. Dewi Sulastri arep diperjaya menawa ora gelem nglanggati sing dadi kekarepane Joko Puring. Joko Puring ngruda peksa. Dewi Sulastri arep digawa lunga menyang Wagir Pandan. Tangan lan sikil Dewi Sulastri ditaleni dening Joko Puring nganggo Godong Pandan
Kacarita Raden Soedjono wis tekan ana ing Karang Gumelem tanpa alangan sawiji apa lan ngrukti layone kakangeWirokusumo. Kang rama, Demang Wonokusumo maringi pamrayoga supaya Raden Soedjono enggal-enggal ngupadi Dewi Sulastri kang lagi nyusul nggoleki Raden Soedjono menyang Karang Gumelem. Ing satengahing marga Raden Soedjono ketemu Joko Puring kang lagi golek woh-wohan kanggo Dewi Sulastri. Joko puring kaget, lan kanthi rikat Joko puring nyaut Dewi Sulastri, kagendhong lon digawa mlayu nurut pinggiring segara kidul. Raden Soedjono banget anggone kaget mengerteni yen Dewi Sulastri digawa mlayu Joko Puring. Kanthi rikat dheweke mbedhul wit Pandhan lan diuncalake menyang Joko Puring kanthi dilambari kekuatan.
Joko Puring nggawa Dewi Sulastri menyang desa Karanggadung. Ana ing kana Dewi Sulastri ditinggal dening Joko Puring kanggo golek woh-wohan.
Ana ing wektu kuwi Raden Soedjono bisa nemokake Dewi sulastri lan saklorone bebarengan ana ing wit Pandan.
Ing wektu kuwi, makbedunduk Joko Puring teka kanthi nggawa woh-wohan kanggo Dewi Sulastri. Ananging sawise meruhi bilih ana ing sajejere Dewi Sulastri ana Raden Soedjono, mila ana kekarepan kanggo njaga dewi Sulastri supaya ora tiba maneh menyang tangane Raden Soedjono. Bab iku kaleksanan karo perang tandhing
Sawise paprangan wis sauntara suwe kaleksanan, pranyata kadigdayan Raden Soedjono luwih dhuwur ketimbang kadigdayan Joko Puring
Rumangsa yen Joko Puring ora bisa ngalahake Raden Soedjono mila Joko Puring mundur saka paprangan. Miturut legenda panggonan kang dienggo kaggo pelariane Joko Puring ninggalake jeneng-jeneng panggonan kayata : PADHAURIP, GUYANGAN, ALANG-ALANG AMBA, KEWARU, KARANG BOLONG, BUAYAN.
Raden Soedjono cepet-cepet nemoni Dewi Sulastri kanggo nyopot talenane. Ana bab kang aneh ana ing kana bilih tali kang kanggo ngiket Dewi Sulastri lan wit bekas sareane Dewi Sulastri malih warna dadi kuning. Mila panggonan mau diarani Pandan Kuning.
Ana ing sawijining dina nalika sakloron lagi bebarengan, ana ing kono ka
Saka kono mila bajur metu kapercayan bilih sapa bae kang nyepi lan tapa ing papan kono nalika kekarepane kawujud, kedah ngganti klambi anyar kang wujud : jarik lurik, slendhang modhang, klambi warna ijo gadung. Sadurunge ngganti klambi Dewi Sulastri kudu kedah nyelehake : piranti kanggo paes, lenga wangi lan rokok kretek.

tekan Nyi Roro Kidul lan ngomong bilih panggonan kang wis diwenehi jeneng Pandan Kuning arep didakekake panggonan kanggo singgah ana ing wektu-wektu kepungkur. Nalika Nyi Roro Kidul ninggalake sakloronan mau yaiku Dewi Sulastri la Raden Soedjono klambine Dewi Sulastri kang wis kucel digawa dening Nyi Roro Kidul.

Sumber: http://dwihartato.blogspot.com
Share this article :

Posting Komentar

 
Design Template by panjz-online | Support by creating website | Powered by Blogger